Tembung Andhahan utawa kata jadian
yaiku tembung sing wus owah saka linggane amarga kawuwuhi imbuhan (tembung
lingga kang wus dirimbag). Pangrimbage tembung lingga dadi tembung andhahan iku
kanthi muwuhake imbuhan ing ngarep, buri, utawa tengahe tembung lingga. Kabeh
imbuhan iku kalebu wujud terikat. Imbuhan basa Jawa wujude ana papat, yaiku
ater-ater, seselan, panambang, lan imbuhan bebarengan.
1.Ater-Ater
Ater-ater (awalan) iku imbuhan
kang dununge ing kiwaning tembung utawa ing ngarep tembung. Ater-ater basa Jawa
yaiku ater-ater...